Rabu, 12 Februari 2014

Contoh Cerpen Bahasa Jawa

KADHO KANGGO BU RIKA

            Jam nunjukake pukul 06.45, kelas VII H wis katon rame. Ana ing pojok kelas, ketok sagerombolan bocah wadon lagi omong-omongan bab lomba nari.

“Wah ora kerasa ya, jebule dhewe 3 dina maning arep melu lomba.” Jare Vivi.
“Iyo, dhewe wis saminggu iki aling latian nari.” Jawabe Fika.

Ana 4 bocah sing dadi perwakilane SMP Perdana melu lomba nari tingkat kabupaten, yaiku, Vivi, Fika, Eli, lan Tika. Papat bocah kuwi saka kelas VII H.

Pas bocah-bocah lagi sibuk ngobrol, Lisa, ketua kelas VII H maju ana ngarep kelas lan ngomong.
“Piye kanca-kanca, 3 dina maning Bu Rika arep ulang taun. Arep ngadho apa dhewe kanggo nunjukake rasa turnuwun lan kapeduliane dhewe marang Bu Rika?” Sajerone kelas dadi pating rame.

Bu Rika iku wali kelas VII H sing ngrangkep dadi guru seni tari.
Sadurunge ana sing njawab pitakone Lisa, Kriiiiing!! Bel tandane mulai jam pelajaran pertama.

            “Aku duwe ide! Piye yen kadho kanggo Bu Rika iku wujude piala?” omonge Tika marang kanca-kancane wektu istirahat pertama.

“Apa maksudmu Tik? Piala apa?” Takone Eli ora mudeng.
“Oo, aku ngerti maksudmu, piala lomba tari tho sing kokmaksud?” omonge Fika.
“Iyo, iyo! Betul, betul!” Jawabe Tika kanthi semangat.
“Wah, setuju aku! Kadho kuwi mesti bakal istimewa banget. Apa maneh Bu Rika iku guru pembimbing tari. Sipp!” sambunge Lisa ora kalah semangat.
“Oke, yen ngono dhewe kudu sregep latian.” omonge Vivi marang Fika, Tika, lan Eli.
“Sipp!” jawab cah telu kuwi.
“Lan piye yen bocah-bocah liya sing ora melu tari tuku roti kanggo meriahake?” usule Lisa.
“Setuju!” jawabe bocah sakelas kompak.
            Dina iki dina perlombaan tari tingkat kabupaten. Kabeh peserta podo tegang. Ora beda kaya peserta liya, perwakilan SMP Perdana lan guru pendamping, Bu Rika uga pating ndredeg. Apa maning pas jeneng SMP Perdana disebut kanggo maju pas giliran nari.
            SMP Perdana nampilake tari Serimpi. Cah papat kuwi pating luwes aling nari lan ketok apik. Jurine wae ngantek keplok-keplok sing banter pas perwakilane SMP Perdana rampung nari.
“Wah apik banget mau, muga-muga wae bisa juara siji.” pujine Bu Rika marang cah papat kuwi sakrampunge perwakilan SMP Perdana mudun panggung.
“Aamiin buk aamiin.” Jawabe Eli katon seneng.
            Kabeh peserta wis tampil, lan wektu penjurian wis rampung. Iku artine saiki wektune pengumuman pemenang. Suasana ora kalah tegang kaya mau. Ketok Vivi, Fika, Tika, lan Eli lagi ndonga supaya menang. Lan pas pengumuman juara sijine, ati bocah papat kuwi seneng banget. Amarga, sing dadi juara siji yaiku perwakilan saka SMP Perdana. Cah papat kuwi cepet-cepet munggah panggung lan nampa piala.
            Sabanjure nampa piala lan foto bareng, cah papat kuwi mudun panggung lan ngampiri Bu Rika. Lan ujug-ujug, saka mburi ana sekitar 6 bocah kelas VII H nyedaki Bu Rika karo nggawa roti sing nduwure murup geni saka lilin sing bentuke angka 35. Bu Rika katon kaget.
“Sugeng ambal warsa Bu Rika.” Omonge bocah-bocah kelas VII H sing ana ing ruangan kuwi.
“Piala niki dipersambahaken kangge Bu Rika.” Omonge Vivi, Fika, Tika, lan Eli bebarengan karo menehake piala iku nang Bu Rika.

Bu Rika nangis seneng sinambi nampa piala lan nyebul lilin roti mau. Plok plok plok. Saruangan dadi rame karo keplokan tangan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar