Senin, 24 Maret 2014

Contoh Pidato Bahasa Jawa (Perpisahan)

Assalamualaikum Wr Wb
Ibu Kepala Sekolah, Bapak/Ibu Guru ingkang kula kurmati
Rencang-rencang saha adhik-adhik kelas ingkang kula tresnani
Saderengipun mangga kula dherekaken ngunjukaken puji syukur dhumateng ngarsabipun Gusti ingkang sampun paring kanugrahan dhumateng kita sedaya, saengga wonten ing acara perpisahan siswa kelas enem ing taun punika saged rawuh kanthi raharja lulus ing sambekala.                                 .
            Ingkang salajengipun kula nyulihi rencang-rencang, ngaturaken gunging panuwun dhumateng Bapak/Ibu Guru , ingkang sampun nyengkuyung saha ngrawuhi acara punika. Ugi atur panuwun dhumateng rencang saha adhik-adhik ingkang sampun paring pambiyantu dhateng tumapaking acara.                                                                                                   .
            Bapak/Ibu Guru ingkang kula kurmati, kula sakrencang siswa kelas tiga ngaturaken gunging panuwun awit panggulawenthah saha sedaya wucalan ingkang sampun keparingaken dhumateng kula sedaya. Dene kula sakrencang boten saged atur piwales punapa-punapa kejawi namung atur panuwun ingkang tanpa pepindhan.                                                                    .           Para putra namung saged nyuwun dhumateng Allah,mugi-mugi Allah paring piwales dhumateng sedaya kasaenanipun Bapak/Ibu Guru sedaya.                          .
            Salajengipun, kula sedaya nyuwun doa restu saking Bapak/Ibu Guru supados saged nglajengaken ing sekolah ingkang kita idham-idhamaken.                    .
            Namung mekaten ingkang saged kula aturaken. Menawi wonten lepat anggen kula matur, nyuwun samodra pangaksami.

Wassalamualaikum Wr Wb

Tidak ada komentar:

Posting Komentar